I.
Wara-wara
Kanca-kancaku
kang dak tresnani,
Gegayutan
karo dina ulang taun ku kang kaping pitulas, aku ngarep-arep kanca-kancaku pada
teka ing omahku kanthi wektu :
dina :
Setu
tanggal : 26 April 2017
alamat : Jl. Nuri No. 16 Pesawahan
tabuh : 16.00 WIB
aku
seneng banget yen kanca-kancaku bisa teka. Nuwun
Pesawahan,
23 April 2017
Saka
aku,
ttd
Hartono
Katrangan
:
1. Kanca-kancaku ….. adangiyah
2. Gegayutan ….. pambuka
/ bebuka
3. Dina ….. surasa
/ isi basa
4. Aku seneng ….. pengarep-arep
5. Nuwun wusana basa /
panutup
6. Pesawahan , …… titi
mangsa
7. Saka aku peprenahan
8. Ttd tapak asma
9. Hartono nami terang
II.
Layang
Katur
bapak/ibu
Ing
Purwokerto
Lumaraping
surat punika ing ngarsa bapak/ibu, ingkang putra saweg kaparingan sehat. Mugiya
bapak dalah ibu ing Purwokerto ugi sehat
Saklajengipun
ingkang putra ngaturi priksa, bilih sekedhap malih MA Miftahul Huda badhe
ngawontenaken Ujian Kenaikan Kelas (UKK) Semester Genap 2016/2017 ingkang badhe
kalaksanaaken kanthi wekdal :
Dinten/tanggal : 18 Mei – 30 Mei 2017
Panggenan :
MA Miftahul Huda
Wekdal
Tes :
tabuh
:
07.30 – 13.00 WIB
kanthi
wontenipun kegiyatan tes punika, ingkang putra sanget nyuwun jurung
pandonganipun bapak dalah ibu, kanthi pangajab kula saged tes kanthi lancer sehat
lan sae asilipun.
Mekaten
serat kawula. Mugiya andadosaken kawuningan. Nuwun
Pesawahan,
12 Mei 2017
Ingkang
Putra,
ttd
Gesit
pangastika
Katrangan
:
1. Katur……. : adangiyah
2. Lumaraping …… :
bebuka
3. Saklajengipun….. :
surasa basa
4. Kanthi wontenipun … :
pengarep-arep
5. Mekaten …. :
panutup
6. Pesawahan… :
titi mangsa
7. Ingkang putra.. :
peprenahan
8. Ttd : tapak asma
9. Gesit : nami terang

EmoticonEmoticon
Note: only a member of this blog may post a comment.